Jumat, 11 Agustus 2017

Cerita Lucu Seri Helm

Poenya Kriztpopo - Tedjo lungguh dewekan nang Bar. Gak sepiro suwene koncone sing jenenge Bambang mlebu ambek nggandeng wong wedok 5 uayu-uayu, terus lungguh neng lounge, gayane ngebosi koyo raja minyak, guyon cekakakan karo bolak balik cipika cipiki, wis pokok'e marai kemropok. 

Tedjo mbatin,

" Kapan nasibku koyo Bambang. Lha aku wong wedok siji wae ora gablek.."

Pas Bambang mlaku nang Bar, Tedjo ono kesempatan takon,

"Mbang, piye carane awakmu iso oleh kencanan ayu-ayu?" 

" Ojo crito-crito yo, tak kandhani rahasiane... mene' nek awakmu katene dolan mrene maneh... begitu awakmu lungguh neng bar, uncalno kunci mobilmu neng mejo bar, wis mesti wong wedok-wedok iku marani ", crito Bambang.

..

" Tapi aku gak duwe mobil, aku mung duwe sepeda montor, iku ae wis elek rupo'e, knalpote ucul sisan...", jare Tedjo.

"Awakmu cuma perlu gantungan kunci mobil. Iki lho deloken aku duwe gantungan kunci Jaguar. Yo cuma ngono thok modalku..", jawab e Bambang.

Sesuk bengine, Tedjo kledhang-kledhang mlebu kafe, Bambang wis ono neng jero lungguh karo wong wedok telu. 

Tedjo marani bar, karo nguncalno kunci sak gantungan mobile FERRARI neng duwur mejo bar.. gak ono reaksi babar pisan.. 

Kunci dijupuk maneh disak'i.. 

Bareng ono wong wedok liwat, kunci diuncalno maneh nang duwur meja bar.. 

Gak ono reaksi maneh, malah diguyu ambek wedhok iku.

Bambang sing wiwit mau ngewasno langsung marani Tedjo karo mbisiki,

"..awakmu iku lho, cek goublok'e seh....COPOTEN DHESEK HELM montormu!! "

Disqus Comments